GEGURITAN
1.
Gegayuhan
Jer basuki
mawa beya
Nala ingsun rada kemba
Bapa biyung sithik ardana
Nglakoni gesang kang rekasa
Anapi iki aja njalari
Mandhege gegayuhan adi
Golek widya tumekaning pati
Dadi janma kang migunani
2.
Dhuh…
Bapa
Yuswamu…
Kang wus mustaka pitu
Tan ngelongi rasa
kurmatku
Marang sliramu
Pitutur sing diwucalake
Kanggo sangu tumrap
siwine
Jupuk becike guwak
alane
Pijer kemut
seprana-seprene
Bapa… siji panyuwunku
marang sira
Sumangga shalat limang
perkara
Nyembah Gusti kang Maha
Kuwasa
Iku wajibe para janma
Ingsun tan pengin,
bapak antuk siksaning Gusti
Urip ora mati ora
Den neraka kang kebak
agni
Kajaga Malaikat sing
ora darbe ati
Dening
: Ari Tejo Yulianto
Kapacak
ing Solopos, 10 Agustus 2013
inggih ndara....
BalasHapus