Geguritan
Dhalang
Jarwa dhosoke
Medhar piwulang
Saka pirang-pirang
Lampahan
Aku mung saderma
Medhar tuntunan
Saka tontonan
Supaya padha ndalan
Binarung swaraning pradangga
Kang ditabuh para niyaga
Kanggo ngiringi anggonku ngracik
ukara
Saha tembang endahe waranggana
Ancase Urip
Urip
iku urup
Yen
manungsa padha sumurup
Tumrap
aturan sing gawe urip
Manungsa
ing donya iku
Ora
mung dijarke
Sakpenake
dhewe
Mrana-mrene
Ancas
urip iku
Kanggo ngibadah
pasrah
manembah
Marang
Gusti kang akarya
samubarang
titah
Manungsa
iku saka lemah
Suk
bakal bali neng lemah
Mula
aja asipat langit
Kadya
Dzat ing dhuwur langit
kang wingit
Tawangsari, Sukoharjo