Senin, 16 Juli 2018

Geguritan 8 September 2016


Geguritan
Dhalang
Jarwa dhosoke
Medhar piwulang
Saka pirang-pirang
Lampahan
Aku mung saderma
Medhar tuntunan
Saka tontonan
Supaya padha ndalan

Binarung swaraning pradangga
Kang ditabuh para niyaga
Kanggo ngiringi anggonku ngracik ukara
Saha tembang endahe waranggana

Ancase Urip
Urip iku urup
Yen manungsa padha sumurup
Tumrap aturan sing gawe urip

Manungsa ing donya iku
Ora mung dijarke
Sakpenake dhewe
Mrana-mrene

Ancas urip iku
 Kanggo ngibadah
pasrah manembah
Marang Gusti kang akarya
samubarang titah

Manungsa iku saka lemah
Suk bakal bali neng lemah
Mula aja asipat langit
Kadya Dzat ing dhuwur langit
kang wingit

                                                                                                                            dening : Ari Tejo Y.
                                                                                                                           Tawangsari, Sukoharjo 

Selasa, 10 Juli 2018

Geguritan 2013


GEGURITAN
1.        Gegayuhan

Jer  basuki mawa beya
Nala ingsun rada kemba
Bapa biyung sithik ardana
Nglakoni gesang kang rekasa

Anapi iki aja njalari
Mandhege gegayuhan adi
Golek widya tumekaning pati
Dadi janma kang migunani

2.        Dhuh… Bapa

Yuswamu…
Kang wus mustaka pitu
Tan ngelongi rasa kurmatku
Marang sliramu

Pitutur sing diwucalake
Kanggo sangu tumrap siwine
Jupuk becike guwak alane
Pijer kemut seprana-seprene

Bapa… siji panyuwunku marang sira
Sumangga shalat limang perkara
Nyembah Gusti kang Maha Kuwasa
Iku wajibe para janma

Ingsun tan pengin, bapak antuk siksaning Gusti
Urip ora mati ora
Den neraka kang kebak agni
Kajaga Malaikat sing ora darbe ati

Dening : Ari Tejo Yulianto
Kapacak ing Solopos, 10 Agustus 2013

Kamis, 05 Juli 2018

Geguritan 2016


GEGURITAN
Aja kaya Aku
Tan ngugemi aturaning Gusti
Rina wengi ngumbar janji
Kaya-kaya ora wedi
Piwales bibar mati
Aja kaya aku
            Sedherek
            Ngerti luput
            Malah kebacut
            Njalari ati kecut
Aja kaya aku
Tobate kadya ‘tomat’
Kerep khiyanat
Dadi kuwalat

-----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Rukuh
Iki tansah kekarepku
Ibu
Saka biyen durung lumaku
Ing samodra impenku
Sliramu angagem
Rukuh kanggo ngibadah
Sujud sembah
Pasrah manembah
            Iki pancen impen
            Saka oyot tumeka pucuk
            Nanging bapa rung sarujuk
            Tambah sora malah dikepruk

Kapacak ing  Solopos_12 Mei 2016
Dening : Ari Tejo Yulianto